Selasa, 04 Januari 2011

CERITO JOWO ANDE ANDE LUMUTEN



 (1)   Ande ande lumut inggih menika cerita rakyat intgkang asalipun saking jawi. Cerita menika nyeritaaken satunggaling negeri ingkang  gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo.
(2)   Panji Asmarabangun ingkang gesangipun  sarwa sekaca, dados putra mahkota, Ewa semanten pangeran kagugan kersa bade lelana pados “ Pengalaman “ Kaliyan garwa ingkang sae manahipun lan ayu.
(3)   Sajeroning lelana pangeran nyamar dados Ande ande lumut, putra mbok randha saking dusun Dadapan, Ande ande lumut ngiyaraken menawi piyambaipun badhe pados garwa, saking baguse, ande ande lumut ndadosaken sedaya kenya kesengsem, kalebet sederek sederekipun klenting kuning.
(4)   Wonten ing saktengahing margi pinuju dhateng griyanipun ande ande lumut, Klenting kuning kaliyan sederek – sederekipun inggih menika klenting abang kaliyan kelenting ijo kedah nyabrang lepen ingkang ageng, Wekdal badhe nyebrang lepen, wonten ingkang jagi lepen, awujud Yuyu ingkang ageng, ingkang nami Yuyu kangkang
(5)   Yuyu kangkang purun nyebrangaken, nanging nyuwun upah, inggih punika dipun ambung, Amargi keseso kelenting abang  kaliyan kelenting ijo sami sarujuk lang-, Namung kelenting kuning kemawon ingkang boten karsa dipun ambung
(6)   Wekdal yuyu kangkang badhe meksa ngambung klenting kuning, Piyambakipun ngedalaken piyandelan awujud bintang sakti, Toya lepen dados asat, Lajeng kelenting kuning saged nyeberang kanthi sekecha
(7)   Saksampunipun dumugi daleme mbok rondo dhadapan, kelenting Abang lan kelenting Ijo matur menawi badhe ngelamar Ande – ande lumut “ Bok  kulo dumugi ngriki badhe nglamar andhe – andhe lumut” ( klanting abang )
Owh………..arep nglamar Ande ande lumut? Mengko disik yo…????? Tak takon andhe andhe lumut “ Putraku Si ande ande lumut…… Temuruno ono putri kang unggah unggahi……….Putrine seng ayu rupane……….Klenting abang engkang dadi asmane
Duh, ibu……………kula mboten purun………aduh ibu kulo mboten medun…………najan ayu sisane yuyu kangkang
(8)   Mekaten ugi kaliyan klenting ijo, Ande ande lumut mboten kersa nampi lamaran ipun , Namung klenting kuning ingkang dipun remeni Ande ande lumut, amargi kelenting kuning ingkang mboten purun diamb ung yuyu kangkang
(9)   Sak lajengipun ande ande lumut nampi kelenting kuning dados garwanipun, Sedaya inggih mboten mangertos menawi sejatosipun klenting kuning menika putri sekartaji, putri raja Kediri Jaya negara ingkag nyamar madosi pangeran Panji Asmara, calon garwanipun ingkang ical.
sak sampunipun langsung dados penganten ingkang boten saged dipisahaken, langsung nikah ngangge bhs jawa ingkang lugu.
  

Sumber: sdngundih.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar